Lelakon Urip Ku

Lelakon urip pancen kudu di lakoni
ora bakalan iso di hindari
opo maneh di adohi
karono pancen dedalaning urip yo pancen ku-du di lakoni

Titahe wong urip ono ing alam ndonyo iki
yo gur sak dermo nglampahi
yo gur sak dermo njalani opo sing wes di titah-ke lan opo sing di perinta-ke
gek arep ngopop meneh ana ne wong urip iki

nanging sanajan mengkono
kabeh kui kudu ono landasane
ojo mung waton mlaku
ojo mung waton mlayu
mengko dadine gedusur
mengko dadine ciloko

yo ciloko ono ing ndonyo
opo maneh ciloko ono ing ngarepe sing Kuoso

kudu eling lan waspodo
ojo grusah grusuh

ben dadine uripe njalur ono ing alur kang sing wes di atur

2 comments:

  1. eling lan waspodo ojo dumeh becik ketitik olo ketoro,,jarene simbah,,hehe

    ReplyDelete
  2. hehhehehe,,, pancen leres menopo ingkang dipun aturaken deneng simbah puniko,,,

    ReplyDelete